8.08.2010

MACAPAT

Manungsa lair ing ngalam donya metu saka guwa garba (MIJIL) nalika isih cilik kudu dituntun utawa dikanthi (KINANTHI) yen wis rumaja (SINOM) duwe rasa tresna utawa aweh katresnan marang wong liya (ASMARANDANA).Sing lagi nandhang tresna swasanane katon endah lan manis (DHANDHANGGULA) sawise mengku kulawarga kudu ngerti (GAMBUH) marang prakaraning urip. Manawa wis tuwa uripe bakal ngambang (MASKUMAMBANG) mikirake donya lan akherat. Tambah tuwa saya mundur (DURMA) mungkur ing kadonyan (PANGKUR) ngadhepi akherat mula gentur ngibadahe. Sawise mati ateges pegat ruhe (MEGATRUH). Banjur dibuntel utawa dipocong (POCUNG).
mekaten mas/mba...  (matur sembah nuwun dumateng panjenenganipun Den Panji)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar